BEBUKA

Alhamdulillah, puji syukur ing ngarane Gusti Alloh swt. Gusti panggelar jagad manik maya. sholawat lan salam mugiyo tetep kaucap dumateng Rasululloh Muhammad saw, lan keluarga, sahabat ugi poro tiang ingkang terus mlaku ono ing fii sabilillah.

lami kulo mikir. sejatine opo sing cocok gawe isine blog iki. blog kang sengojo kulo damel gawe ngasah kemampuan nulis. akhire alhamdulillah ketemu nilasan macem opo sing apene kulo tampilaken ono ing dhuyo tanpo bates iki.

isi soko blog iki seputar kesenengane tiang. nanging kesenengane tiang lak katah. akhire kulo podho kaleh kesenengan kulo. yoiku bahas tentang dunyo wayang purwa, anime jepang, manga jepang ugi crito-crito lintune kang ditampilake ngawe basa jawa ngoko lan krama madya. amergo basa krama inggil kulo tasih campur adhuk mboten karo-karoan.

saran kalian kritik saget dipun kirim lewat e-mail wonten : hasankuroichi@ymail.com utawi saget dipun SMS wonten +6285731781796

mugi-mugi basa jawa niki tansa mboten dilaliaken kalih tiang-tiang jawi. mongo kitho lestarekne bebasan gawe basa lan aksara jawa.